KUMPULAN DONGENG UNTUK ANAK-ANAK TK/RA/PAID



 " CILAKA MERGA GRASA-GRUSU"
Ana cah lanang, arane jambul....jambul ngingu ayam karo enthog, ben dina di empani, dadi lemu.
Nek agi di empani pada seneng banget...apa maning ayam, klabakan mbok nganti ora keduman
Sawijining dina... jambul di samper kancane dolan, nganti sore ora bali-bali. Ayame karo enthog wis mangsane mangan dadi pada kengelihen, akhire pada lunga golet pangan dewek. Ra krasa gole mlaku selote adoh, jebule ws sore, dadine ayam aseng bali. "enthog  mayuh pada bali, wis sore, mbok kepetengen, mengko ra wani bali".
"ya mayuh" saure enthog.
Ayam mlayu disit " bak..bak..bak..bak"
Bareng wis adoh ayam nylinguk mburi, enthog ora keton, "enthog-enthog......ko ning ngendi?" ayam ngorong-ngorong nyeluki enthog, ora let suwe, sing kadohan enthoge keton agi mlaku megaaaaal....megoooool.....londog banget.
Ayam tambah gela, "mlaku koh londog banget kapan butule?"
Enthoge ra semaur mlaku bae..megal-megol-megal-megol.....
Suwe-suwe butul ning umahe jambul, jebule...jambul ya lagi nggoleti. Weruh ayam karo enthog pada bali, jambul seneng...banget...
Terus kon pada nginep maring kandang.
Esukeee....kaya biasane...jambul ngempani ayam karo enthog. Jambul karo ngomong,,,"ayaaam.....enthoooooog....mengko pada dolan maring sawah kana ya,,,,,,, wingi kayane wis di paneni, bisane akeh gabah lewihan wong panen".
"Iya...iyaaaaa...." saure ayam karo enthog kesenengen.....
Tapi.....nganti nyebrang gili gedhe, akeh montor pada liwat pating sliwer, mengko ngati-ati ya.....?"
"Iya...iyaaaa" saure ayam karo enthog bareng.
Terus jambul, ayam, enthog pada mangkat maring sawah.
Butul ning gili gedhe.... ayam ora sabar, mlayu bae nyebrang gili, ora lingak linguk.
Ora ngerti ana montor liwat, ngerti..ngerti " BREEEES".
Ayam kesremped montor, klabak....klabak..klabak.....glethaaak.... "aduuuuh....aduuuuh....tulung lara banget" ayam nangis kelaran.
Montore mlayu bae, jambul karo enthog kaget, terus ngoyok ayam. "Inyong li wis ngomong, kon ngati-ati. Malah mlayu bae ora lingak-linguk, ya dadi ketabrak".
Jambul ngomong karo nulungi ayam dibopong digawa bali,  enthog ngintili ning mburi. Akhire ora sida meng sawah.
Mulane kanca-kanca, angger agep nyebrang gili....anggone lingak-linguk disit aja grasa-grusu, sing sabaaaar.....dadi ora ketabrak, kaya ayam.
Matur nuwun
Wassalamu'alaikum.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment